1 Gusti Yesus sinalib sinrahken Allah Priyangga Karsa nyangga Paukuman myang laknat Dados lintuning jagad 2 Ingkang putra sinalib Iba – iba sihe Allah Tyang kang salah pinurih selameta Margi kang putra seda 3 Ingkang putra sinalib Tan dosa kadosaaken Ndadosaken kula tyang dosa samya Slamet angger pracaya 4 Ingkang putra sinalib Wus sirna saka mulyane pilarane prih bilur lan pratunya tan ana wilangannya 5 Gustiku kang sinalib Pasrah pyambak mring sedane supayane aku pada slameta sihe winangsulana 6 Gusti kang sinalib margi dening durakaku mangka aku apa oleh kareman Nemah ing paukuman 7 Panebusku sinalib aku iki tebusane kwajibane aku mbuwang piala margane Gusti seda 8 Panebusku sinalib apasrah winirang – wirang Sinakitan de apa wirang mami ndherek lampahing Gusti 9 Gusti kula sinalib kula yen winirangaken margi ngaken mring Gusti kang sinalib napa darbe tyas serik 10 Gusti kula sinalib sanget anggene prihatos akepatos de kula nunten keguh lamun manggih pakewuh 11 Gustiku kang sinalib Aku tansah eling prihe Sarta sihe Dimen ja ilang manah Yen kabotan ing susah 12 Dhuh Gusti kang sinalib Kang ngentas saking duraka Lan antaka Tuwan kang nebus kula Kula wangsuli tresna 13 Dhuh Pangluwar sinalib Badan jiwa kula srahken Tinrimahken Dhateng ing asta Tuwan Tuwan ingkang kagungan 14 Dhuh Pangluwar sinalib Kula yogya ngluhuraken Mulyakaken Sih-wlas Tuwan kang suci Margi lampah utami 15 Dhuh Pangluwar sinalib Menggah sagunging cintaka Lan duraka Tan wonten pangauban Aliya salib Tuwan 16 Margi Tuwan sinalib Tumrah panglipur santosa Mring tyang dosa Tuwan damel raharja Tyang dosa kang pracaya
|
|