1 Saiba sangsaraning Gusti nglampahi pinentang kasami lan tiyang durjana nggene kapatrapan Ingukum kisas sakelangkung pisakiting Gusti gitikan lajeng kasalib temahan ngemasi 2 Pundi dosane Gusti kula Nglampahi pinentang? Saestu Gusti tanpa dosa Ngrembat dosaning tyang Nggenipun masrahaken nyawa Dhasar dipun sedya Karsa nebus mring tyang kathah Nggih kula lan ndika 3 Mekaten Allah kang Ma’suci Tan ngeman kang Putra Ingkang kekasih Denpasrahken Mrih kraharjan kula Saiba kawlasane Allah Dhateng tiyang dosa Sinungan pangapunten sami Lantaran kang Putra 4 Gusti sinalib nedahaken Mantepipun tansah Pamituhune mring kang Rama Dhatan kenging ewah Klampahan pinisakit Gusti Inggih dipun temah Sestu tan ngeman slira ngantos Dumugi ing pejah 5 Wis pestine yen Gusti Kristus Anandhang pisakit Yeku margine mlebet dhateng Kamulyan linuwih Kamulyan aneng swarga agung Nggenipun kaangkat Jum’neng Ratu miwah Panutan Ing sagung pra umat 6 Gusti sinalib, anenangi manah kula sami Suados kasaenanipun Kawula timbangi Pinten banggi saged amales Ing sih-kawlasannya Prayogine kula wangsuli Pitados wah tresna 7 Lamun kula manggih pakewed Wit saking ngakeni Asmane Gusti, sampun ngantos Kawula selaki Sageda nyipta salibipun Wonten ing ngajengan Supados tetep mantep kula Dumugi wekasan
|
|