1 Duh lae Gusti kula sinandhangan wirang rikinarya makuta pinoyok tyang kathah rinangket lir durjana cinampah sinia dhuh Allah punapa tan ngeman kang Putra 2 Wit aku uga Gusti Ginitik, winirang, Ngagem makutha dhuri Lan singep poyokan. Wit aku gawe dosa, Tinaton sliranya, Sinungkawan kang sora, Lir tingalan nista 3 Dhuh Yesus kang ingajap Pra luhur wit kina, Mugi ta pra sakabat Emuta slamanya. Sangsara lan kwirangan, Pangagem Sampeyan, Nyawisi kadrajatan Kula kang kanistan.
|
|