1 Dhuh Gusti manah kawula mugi Tuwan kekahi Badhe ngraosken sangsara anggen Tuwan nglampahi Iba gung ing palimirma lan sih Tuwan mring tyang dosa Ngantos ngrembat dosanya setyaning piwelas Tuwan kang nyawisi karaharjan Pinujia slamanya 2 Nadyan Tuwan wujud Allah Suteng Allah kekasih Tuwan nyanggi doseng jagad Nandhang sungkaweng galih Panyidra binantu nraka Wit saking gunging cintraka Lir tinuwek kalbunya Sambat Tuwan : Adhuh Rama Kang mugi tuwung punika Langkunga ing Kawula 3 Riwe rudira crocosan srira tempel pratala Gustining swarga srusambat mindhak sekel ing proyo Winratan ing siksa kula Sih w’las Tuwan mring tyang dosa unggul ing dalem kalbu Badhe nebhus tyang dosa gung srah klayan sabar linangkung Maring rodraning satru 4 Ratu salam Suteng Allah Lir durjana binanda Tuwan tampi sikseng panrak Mangka suci priyangga Ingawonken kendel sabar Tyang ngangsa-angsa rah Tuwan Tuwan tan alenggana Maringken badhe sinaos Mring Allah, nirken supaos Kang dhateng tyang duraka 5 Liningsem dados tingalan Nging tulus mulyeng praya Tuwan nyabari kacidran Lan gung panganiaya Ingajap wit jaman kina Nging samangkin tan sinudya Tinampik dening umat Setya ing sih nging sinelak Ing mitra Tuwan piyambak Kang ajrih kinawruhan 6 Tuwan dados kurban mulya Kang sinelir ing Allah Ngrembat dosa lan siksanya Temah nebus ing jagad Suci mulus, sabat minggah Murugi ing paukuman Lir menda sembelehan Tyang duraka cinawisan Kamulyan dening rah Tuwan Nglenggahi prajanjian 7 Seda Tuwan nglipur kula Rinuwat saking dosa Nglebur paukuman kula Temah manah santosa Lejar betah kasusahan Dening pangrehing Roh Tuwan Kang Tuwan angsalaken Kula margi ndherek pejah Inggih ugi ndherek gesang Dugeng kamulyan langgeng
|
|