1 Dhuh Rama kang Ma’wilasa Mugi Tuwan karsaa Anerbuka manah kula Ing waktu sapunika Sageda kula nampeni Wah kapranan sayekti Ing cariyos ing sangsara Wah pisakiting Gusti 2 Aneng taman Getsemane Kang Putra kang kekasih Angesoraken slirane Nandhang sungkaweng galih Malah ngantos amlas arsa Sambate mring kang Rama Yen kenging, tuwung punika Langkunga ing kawula 3 Adhuh, punika punapa Putreng Allah pribadi Ingkang konjem ing pratala Sru rinepek ing galih Kang rinewe angludira Crocosan tibeng siti Gusti cinepeng kabesta Kadabyang lir tyang juti 4 Ingkang jum’neng ngarsanipun Pangulu lan bupatya Tinarka ing satru rodra Wah malih pinojokan Angagem makutha dhuri Asingeb jubah jingga Punika punapa yekti Gusti panuntun kula 5 ‘Nggih punika Sang Pantawis Kang ngrembat dosa kula Karsa pasrah mring satrunya Lang inganggep durjana Winirang dados tingalan Kinecohan, wah malih Kinarya pangewan-ewan ‘Nggih tan lenggana Gusti 6 Dhahat Gusti mameraken Kawlasane mring janma De bilure nuwuhaken Kasarasan kawula Duraka kula sadaya Pangeran tempuhaken Mring kang Putra temah dadya Gusti wah Juru slamet 7 Adhuh Gusti, t’ladha kula Pantawis wah Pangluwar Janma dados klangenannya Kang Rama krana Tuwan Sih samanten agengipun Amranani tyas kula Yogya dipun puja-puja Ing swarga lan ing donya
|
|