1 Panglipuring tyang prihatos Klangenan ing tyas kula Sakathah sumlanging batos Tuwan nirken sadaya Sing swarga Tuwan kang mulya Tuwan tumedhak mriki Nyaur pundhat utang kula Tuwan gung kula puji 2 Iba-iba Tuwan mlasi Bangsa apes lan nista Sing laknat Tuwan luwari Margi sangsara seda Riwe rah lan waspa Tuwan Neng Getsemane mili Ngluwar kula sing ukuman Mbikak margining swargi 3 Tuwan tinuwek ing galih Dening poyok kang sengak Bendune Allah kang adil Tuwan sanggi piyambak Nggirisi : Tuwan siniya Wonten ngardi Golgota Pasrah sinalib sarira Krana jagad duraka 4 Tuwan dados gesang kula Amal kula kang adya Kula sinungan waluya Amargi Tuwan seda Gusti Panebus wilasa Sih Tuwan langkung adi Tuwan kula kraketana Klayan sujud lan muji
|
|