1 Gusti Yesus Pangen mami Juru Pangen kang utami Kula menda kagungannya Dennya nebus klayan rahnya 2 Gusti pangen ingkang sampun Ngetohaken nyawanipun Karana saking mendanya Drapon samya wilujenga 3 Gusti Yesus dhatan pandung Mring sadengah mendanipun Mirsa nama lan cacahnya Langkung titi pangetangnya 4 Gusti ngrimati mendaNya Sinungan sabetahira Tan wonten kang kecingkrangan Malah ngantos keluberan 5 Gusti ngumpulken mendanya Kadadosaken sapantha Sami runtut atut rukun Ngetut wingking pangenipun 6 Asantosa Gusti dennya Ngreksa menda kagungannya Dhatan wonten kang ketriwal Tan saged tiwas myang ical 7 Tan wonten kang saged ngrebat Awit jinangkung tan kendhat Dening astanya kang Rama Hyang Sukma kang Mahakwasa 8 Kula wanuh Pangen kula Lan nilingaken swaranya Begja kula dhe sinungan Gesang langgeng wah kamulyan
|
|