1 Aku bok caritanana Bab Gustiku Panutan Aku bok ya korepekna Kidunging pangentasan Aku kepengin angrungu Wartane bala swarga Dennya sumyak ngidungake Rawuhe Sang Pamarta Dennya sumyak ngidungake Rawuhe Sang Pamarta 2 Mara critakna Gustiku Dennya mbetahken lapa Nahanken godha rencana Sajege aneng donya Critakna gunging piwlase Kang anemah sangsara Dennya anandheng cintraka Wit saka dosa kita Dennya anandheng cintraka Wit saka dosa kita 3 Mara critakna Gustiku Dennya pecat nyawane Marga sangsara sinalib Nanging mulya wungune Agung sihpalimirmane Tan ana kang madani Mula aku critanana Ing bab Pamarta mami 4 Besuk Gusti rawuh wangsul Jumeneng Ratu mulya Ginarebeg bala swarga Wrata pinuja-puja Samana kita sadarum Apa ya anut muji? Apa ya nunggal pra mukti Langgeng andherek Gusti
|
|