1 Gusti Yesus tanpa dosa Yogya pinuji-puji Mantepipun ing pracaya Lan nggennya manut kang Rama Sajegipun neng donya 2 Kasucenipun linuwih Purwa tekeng duksina Saha dhasar trus ing galih Salamira tan manggih Lepat s’kedhik-kedhika 3 Nadyan satrune kang samya Ngangkah badhe mejahi Kathah nggenira anerka Mring Gusti, nging lepatipun ‘Nggih tan saged mastani 4 Dhatenga ing pundi-pundi Kang nggodha pinten-pinten Samanten ‘nggih tulus suci Dhasar tanpa cacad Gusti Ingkang nandhingi sinten ? 5 Mila ketawis kewala Rumaketnya lan Allah Wit saking kasucenipun Ngungkuli pra nabi samya Yektos kang Putra Allah 6 Kang Rama inggih narimah Sanget nggenipun asih Dene sareng sampun pasrah Nemahi sakit lan pejah Allah nggesangken malih 7 Nunten ginanjar kamulyan Wah kamukten ing swarga Pangwasa inggih sinungan Kaangkat Ratu Panutan Ing pra umat sadaya 8 Dhaweg kanca, sami pasrah Sarta manut ing Gusti Ingkang temen trus ing manah Nggen kula tobat ing Allah Inggih kang Mahasuci 9 Kula rumaos tyang dosa Tinandhing klayan Gusti Saestu boten prayogi Malih-malih kenging godha Lali mring kang Ma’suci 10 Panyuwun kula : Dhuh Rama Sageda kula, sami Tumulad dhateng kang Putra Inganggepa Ratu kula Sarta dipun tut-buri 11 Mendah nea begja kula Yen saged nelad Gusti Ing benjing badhe sampurna Lepat sakathahing dosa Tur langkung dening mukti
|
|