1 Kula nggunggung-nggunggung Gusti Panutan kula kang sejati Dene suci tanpa cela Tansah kula mulyakaken Asmane kula luhuraken Tan wonten timbanganipun Nggenipun nglampahi Karsane Hyang Widi Tansah mantep lair batos Salaminya umadep Maring kang Rama 2 Dhahat kasengsem ing driya Miturut karseng Kang anduta Ngrampungken ayahanipun Sampun kalangenanipun Ya ta nggenipun alelana Neng Yahudi nagrinipun Memulang tan pegat Tur mawi mukjijat Damel sae Dhateng tiyang sa’nggen-nggennya Lir pendah Allah pepara 3 Tiyang sakit pinten-pinten Sowan Gusti sadinten-dinten Samya sinungan waluya Mirsa tyang manggih sangsara Gusti lumuntur piwlasipun Dyan tinulungan sadaya Sumeh ulatipun Arum ing wacana Sabar sareh Sakaliring kalakwannya Nedahken aliming budya 4 Boten mbujeng kadrajatan Kauntungan wah kaurmatan Ing sliranipun priyangga Tan lumampah denladosi Malah kajatipun ngladosi Masrahaken nyawanipun Nglabuhi tyang dosa Nggih kula lan dika Iba-iba kawlasane Gusti kula Dhatan kenging winirasa 5 Duk nglampahi pinisakit Ginitikan nunten sinalib Tan karsa males piawon Nadyan denujar-ujari Densiya-siya kados pundi Dipun sabarken kemawon Malah satrunipun Lajeng sami dipun dongakaken Pangapunten, adhuh Gusti Putrane Kang Mahasuci 6 Sinten kang boten memuji Kautamenipun ing Gusti? Saestu sampun sampurna Sampun prayogi ingangkat Dados panutaning pra umat Ginanjar kratoning swarga Mugi kasampurnan Ing Gusti Panutan anirambahi Mring pasamwan, pikantuka Sawabing kasampurnannya
|
|