1 Daweg sami suka bingah Dene kasetyaning Allah Sampun netepi prajanji Paring nugraha mring jalmi 2 Saestu kula antuk sih Ing Allah kang maha-luwih Saking wlasipun mring kula Ngantos sinungan kang Putra 3 Rehning tan ngeman kang Putra Malah sinungken mring kula Punapa boten maringi Samukawis kang prayogi? 4 Dalasan bala ing swarga Memuji angalembana Kula malih yen botena Saklangkung suka pirena 5 Sinten ingkang boten girang Allah narjoni mring tiyang Prayogi dipun luhurna Ing para umat sadaya 6 Kula rahayu sayektos Dene sinungan pawartos Kang sae : rawuhe Gusti Kang dados Juru Basuki 7 Malah sampun kapanduman Sihe Allah kanugrahan Kang lantaran ingkang Putra Margi apuntening dosa
|
|