1 Dhuh Gusti kados pundi Nggen kula sung urmat Methukken klayan puji Mring Ratuning jagad Mugi Tuwan madhangi Lantaran Roh Suci Salam kula ndadosna Kepareng Paduka 2 Saking dampar kang mulya Lan kluhuran swarga Tuwan tedhak ing donya Nunggil lan pra jalma Tumut nandhang sangsara Ngrembat kasusahan Ngrukunken tiyang dosa Dhumateng Pangeran 3 Punapa kang njalari Dhuh Ratu kang mulya Nggen Tuwan rawuh mriki Karsa nandhang papa Inggih piwelas Tuwan Saha palimirma Lan katresnan Sampeyan Dhateng tiyang dosa
|
|