1 Pinuji-puji Pangeran Allahe umat Israel Dene nuweni kang umat Pinaringan pangentasan 2 De sunguning kaslametan Kayasa dening Pangeran Pinaringaken umate’ Nggih trahe Dhawud abdine 3 Allah karsa anetepi Pangandikane kang suci Kang lantaran pra abdinya Wiwit saka jaman kuna 4 Allah Janji angluwari Marang umate kang suci Saka tanganing mungsuhe Saka sengiting satrune 5 Para luhur rinentahan Sih mirma saka Pangeran De’ Allah karsa ngengeti Mring prasetyane kang suci 6 Allah prajanji mring Abram Samangsa umate luwar Saka tanganing mungsuhnya Pinaringan sihraharja 7 Kang umat bakal ngabekti Tanpa taha marang Gusti Klawan suci trus ing ati Salawase aneng bumi 8 He anakku, sira mesthi Sinebut nabining Gusti, Miaku dadi cecalane Lan andingini tindake 9 Sira angrata margined Aweh weruh mring umate Bab kabaring pangentasan Lan dalaning kaslametan 10 De awit saka gunging sih, Lan palimirmane Gusti Allah karsa angapura Sakehe kluputan kita 11 Kita padha dentuweni Pletheking padhange Gusti Kang tumedhak saka swarga Ambungahake tyas kita 12 Kang andhok ing palimengan Ing pati, wis kapadhangan Isr’el tinuntun lampahnya Neng dalan tentrem raharja
|
|