1 Nyawaku muji Allah Sukmaku bungah-bungah Wit saka peparinge Allah marang abdine Dene karsa ngudaneni Asoring kawulanya Nganti saliring bangsa Ngarani aku rahayu 2 Aku sinungan berkah Saka astaning Allah Dene suci asmane Lan gedhe mukjijate Kawelasane dumawuh Mring kang padha ngeringi Wis mesti denberkahi Tumeka turun tumurun 3 Astane Allah kita Nindakake pangwasa Mbuyarake wong digung Pra wisesa denlungsur Ngluhurake para asor Wong ngelih denerobi Salir amal kang becik Wong sugih tinundhung legeh 4 Allah wus murinani Isr’el dimen ngengeti Marang kawelasane Mring Abram satedhake Allah netepi prajanji Marang leluhur kita Langgeng ing salamanya Asmane pinuji-puji
|
|