1 Dhuh Rama kula ing suwarga Asma Tuwan sinucekna Kraton Tuwan mugi rawuha Ing sawradinipun donya Karsa Tuwan kalampahana Neng bumi kadya neng swarga Kula mugi pinaringana Tedha kula sadintennya 2 Tuwan mugi karsa ngaksama Sagunging klepatan mami Kados dene kula ngapura Klepatanira sesami Punapa malih sampun ngantos Kula kenging ing panggodha Kawula Tuwan uwalaken Saking pangawak dursila 3 (punika mawi lagunipun ingkang wekasan) Wit dene Tuwan kang kagungan Karaton saha wisesa, Wah malih kamulyan kang langgeng Ing salaminipun, Amin
|
|