1 Allah yeku Pangen kula Kula menda kagunganNya Mesthi datan kekirangan wit rinimat dening Pang’ran 2 Dennya mlegungaken kula Dhateng panggenan kang eca Alon den-giring mring toya Ing papan kang gung tentremnya 3 Langkung ayem manah kula De tinuntun ing astanya Dhateng margining raharja Karana saking kang Asma 4 Nadyan kula ngambah jurang Antaka, nggih tan sumelang Wit Tuwan kang nganti kula Dados panglipuring driya 5 Tuwan nyegahi mring kula Ngajengannya satru rodra Sih Tuwan tansah ambleber Tuwung kula ngantos luber 6 Karaharjan lan kadarman Badhe ngiring lampah-ingwang Salaminya kula gesang Ngantos mlebet kraton Tuwan
|
|