1 Rahayu tiyang apes Tyang mlarat ing budi Tan ngandelaken awak Sumendhe mring Gusti Lir kere asesambat Anyuwun wilasa Tyang mlarat ingkang darbe Karaton ing swarga 2 Rahayu tyang kang nangis Wit kathah panerak Prihatos ngrudhatin Getun dhe klepatan Sedhihe denaturken Mring Yesus Gustinya Tyang nangis kang linipur Ngantos langkung muktya 3 Rahayu tyang kang sareh Nyabari panyiya Tan malesken piawon Nging remen ngapura Tiyang kang purun ngawon Menang wekasannya Tyang kang mantep sarehe Bumi warisannya 4 Rahayu tyang keluwen Lan kasatan manah Ngorong dennya kepengin Oleh kasampurnan Tyang ngorong mring kasucen Gusti kang maringi Kasampurnane pyambak Tinuwukan yekti 5 Rahayu kang nglampahi Kaw’lasan mring tiyang Kang awit saking Gusti Kang seda wit welas Rahayu kang ngrencangi Repote sesami Tyang kang welas saestu Sinung w’lase Gusti 6 Rahayu tyang kang suci Ing lair lan batin, Nyengiti lan nyingkiri Sabarang kang najis, Dalah melike pyambak. Tyang suci ing manah Badhe manggen ing padhang, Ningali ing Allah 7 Rahayu kang telatos Nindakken pirukun, Ngrukunken kang sulayan, Nglegani tyang sagung, Angger tan nganti camah Injile Pangeran, Tyang sumlondhoh den anggep Putranipun Allah 8 Rahayu kang ingoyak, Wit lampahe leres, Wit ngabekti ing Allah, Tinarka sinereg Sira yen cinampahan, Wit ndherek ing Gusti, Giranga, dhe Gustimu Mesthi tan nyampahi 9 Aja ilang atimu De’ panganiaya Gusti ngreksa mring sira Klawan agung kwasa Kanthi akeh reribed Nggonmu keslametan Dene kratoning swarga Sira kang sinungan
|
|