1 Dhuh nyawaku asumyaka Panggunggungmu mring Allah Sajegku dakluhurake Klawan ati kang bungah Slawase sinung umur Dak puji klawan masmur Dak puji klawan masmur 2 Aja ngandelake raja Kaanane mung lebu Dhatan kwasa mitulungi Miwah paring rahayu Lamun apegat nyawa Dyan lebur saciptanya Dyan lebur saciptanya 3 Arahayu wong kang darbe Pamomong Hyang Ma’kwasa Wah tan darbe andel-andel Mung Pangeran ing swarga Rahayu wong sumendhe Mring Yehuwah Allahe Mring Yehuwah Allahe 4 Pangeran yeku kang murba Pratala lan akasa Kasetyane dhatan ewah, Tan kendhat salamanya, Tansah dennya angreksa Mring para kagungannya Mring para kagungannya 5 Pangeran kang paring adil Marang wong kaniaya, Wah angolehake bukti Mring para kang alapa, Wong lelaran bandangan Sinungan kaluwaran Sinungan kaluwaran 6 Pangeran kang ang’lekake Matanira wong wuta, Njejegake kang tumungkul Wah rempu atinira Randha lan bocah lola Rineksa kang santosa Rineksa kang santosa 7 Pangeran jumeneng Raja Langgeng ing salamanya, Sarta dhatan ewah gingsir Kasetyan lan kwasanya, Turun tumurun dennya Angreksa pasam’wannya Angreksa pasam’wannya
|
|