1 Padha saosa puja Mring Hyang kang asih darma Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya 2 Padha saosa bekti Mring Allah kang Ma’sekti Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya 3 Padha saosa puji Mring Gustine para Gusti Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamannya 4 Namung Allah piyambak Kang nindakken mukjijat Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya 5 Allah kang nitahake Langit samudayane Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya 6 Pratala lan samodra Hyang Ma’agung kang murba Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya 7 Allah nitahken surya Kang mengku ing raina Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya 8 Lintang-lintang lan sasi Pinatah mengku wengi Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya 9 Allah ngirid umatnya Mring enggoning raharja Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya 10 Allah apalimirma Mring pra kang sinangsara Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya 11 Allah angrebat kita Saking dayane nraka Asit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya 12 Allah aparing bukti Mring saliring dumadi Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya 13 Padha saosa puja Maring Allah ing swarga Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya
|
|