1 Saking luwenging cintaka Kula sambat mring Tuwan Dhuh Pangeran kang wilasa Mugi myarsakken mring wang Sambat kula memelas Wit klangkung trenyuh ing tyas Mugi-mugi tinilingna Ing Tuwan kang asih mirma 2 Dhuh Pangeran, yen ta Tuwan Karsa aniti-priksa Dhateng durakaning tiyang Sinten kang saged wluya? Nanging Tuwan kagungan Pangapunten lan piwlas Kang sinuprih para jalma Ajrih asih mring kang asma 3 Nyawa kula ngantos-antos Mring Allah rinten dalu Inggih kula ngajeng-ajeng Ing sabdanya kang tuhu Pangantos-antos mami Cecengklunge nglakungi Tyang kemit dalu ‘nggenira Ngajeng-ajeng ing raina 4 Umate Hyang Ma’wilasa Sira ngarep-arepa Maring Allah kang Ma’kwasa Kang mitulungi sira Wit Yehuwah kagungan Sih piwlas lan kadarman Karsa anebus umate Saking sagung durakane
|
|