1 Menawa dudu Yehuwah Kang ayasa omahira Mesthi tansah tanpa gawe Pagaweaning tukange 2 Menawa dudu Yehuwah Mang ngreksa marang negara Para kemit tanpa gawe Nggone jaga gapurane 3 Tanpa gawe tangi turu Isih esuk umun-umun Nadyan jaga nganti bengi Iku ya tan maedahi 4 Tan gawe nggonmu mangan Pametuning kasusahan Yen dudu Allah makwasa Kang karsa tulung mring sira 5 Kekasihing Allah iku Lir sajroning padha turu Pinaringan pitulungan Saking astane Pangeran
|
|