1 Langit anyariyosaken Kamulyaning Hyang Agung Nguwaraken pakaryaning Astane kang linangkung Dresing pangucap mlintu Waktu siyang lan dalu 2 mBoten wonten pitembungan Tuwin tan wonten basa, Ingkang boten kamirengan Suwaraning akasa; Ungelira nyrambahi Mring salumahing bumi 3 Angger-anggering Pangeran Nyata nglejarken nyawa Tyang punggung kadamel saged De seksine kang setya, Leres tetimbalannya, Tur mbingahken ing driya 4 Prentahe Pangeran mulya Damel padhanging netra Wewedene suci, tetep Ngantos slami-laminya Bebenerane nyata Sarta adil sadaya
|
|