1 Kula tumenga mring Gusti Kang pinarak ing swarga Kados mripatipun abdi Mulat dhateng Gustinya Nggih mekaten mripat amba Mandeng mring Gusti kula Ngajeng-ajeng pitulungan Ngadhang rentahing sihnya 2 Mripat amba tansah mandeng Dhateng Allah kawula Kados abdi ingkang nyawang Mring astaning Gustinya Sami ngadhang pitulungan Saking kang sinuwitan ‘Nggih makaten ingkang abdi Nyadhong piwelas Tuwan
|
|