1 Rahayu kang utama lakune Ngambah dalaning prentahe Pangeran Rahayu kang netepi dhawuhe Wong kang manut ing sapangrehe Gusti Sarta tansah telaten netepi Sakarsane klawan eklas ing ati 2 Dhuh Gusti, punapa isaratnya Tyang neneman saged jujur ing lampah Kejawi dipun reh mituruta Sapangandika lan prentahing Allah Kawula sampun ta Tuwan uja Nyaleweng nilar ing pepaken Tuwan 3 Tuwan mugi ngirid lampah amba Manut mituruta ing prentah Tuwan Dhatan pegat salami-laminya Kula Tuwan paringi manah padhang Dhawuh Tuwan kawula estokna Klayan eklas lan gumolonging manah 4 Dhuh Yehuwah, wicanten kawula Tuwan punika panduman kawula Dene kawula namung sumedya Badhe netepi salir dhawuh Tuwan Tuwan mugi maringi sih mirma De panyuwun kawula kanthi eklas 5 Sestu sabda tuwan dados dilah Wonten ing ngajenging suku kawula Margi kula tansah denpadhangi Dhuh Gusti, kawula sampun supaos Kawula tansah badhe netepi Prentah Tuwan kalawan trusing batos 6 Dhawuh pangenget Tuwan punika Sami adi tur elok anglangkungi Inggih punika pusaka kula Sarta kabingahaning manah kula Sabda Tuwan maringi pepadhang Lan mangertos mring kang cupet ing budi 7 Yehuwah kawula sebut Kanthi gumolong lan eklasing manah amba Mugi Tuwan karsa nyembadani Kawula netepana dhawuh Tuwan Kang abdi sesambat dhateng Tuwan Mugi kaparingana karaharjan
|
|