1 Rahayu wong wedi asih Mring Yehuwah Allahe Kasengsem mring pepakone Turune wong kang jujur Kanggep ana ing tanah Wis mesthi oleh berkah 2 Omahe wong kang pracaya Kanggonan kaluberan Jujuring atine ulus Tumekeng kalanggengan Samangsa kepetengan Mesthi oleh pepadhang 3 Angger wong dhemen aweweh Tan sepi ing ganjaran Wong kang loma dhatan rubuh Ngarsane pangadilan Wong mursid lan welasan Slamanya ingelingan 4 Atine salir wong mursid Tan kuwatir, tan keguh Panglipur aneng Allah Ngunggul sakehing mungsuh Lan jujuring atine Tulus ing salawase 5 Wong wedi-asih mring Allah Bakal kaluhurake Nadyan nepsua wong ala Katona kamerene Karepe wong duraka Denlebur dening Allah
|
|