1 Padha saosa puji sukur Marang Allah kang Mahaluhur Wulang bab asmane suci Den gelarna aneng bumi Pangwasane disuwurna Aneng tengahe pra bangsa 2 Padha saosana pamuji Klawan masmur lan kidung suci Mukjijate caritakna Marang sakehing manusa Padha luhurna asmanya Klawan panabuhing gangsa 3 Abungaha wong kang ngupaya Pangayunane kang Ma’kwasa Padha anitik-nitika Mungguh kwasane Pangeran Ngupayaa wedhanane Elinga mring mukjijate 4 Turune Abraham abdine Anake Yakub pilihane Yehuwah Pangeran kita Pangadilane tetela Nyrambahi salumah bumi Prajanjine denengeti 5 Allah ngengeti prajanjine Sarta dhawuh ing prasetyane Kang tumrap sewu turunan Diparingken mring Abraham Supaose marang Iskak Langgeng tetep tumrap Yakub 6 Yehuwah ngengeti sabdane Lan prasetyane mring abdine Kalawan bungah umate Denirid dhateng tanahe Supaya anetepana Lan ngestokna pranatannya
|
|