1 Dhuh nyawaku sira saosa puji Mring Pangeran Allah kang Mahasuci Sabatinku ngluhurna asmane Dhuh nyawaku, Yehuwah kamulyakna Aja lali sagunging kadarmannya Elingna sawiji-wijine 2 Pujinen kang ngapura dosanira, Kang marasken sagung lelaranira, Nebus uripmu saking antaka Kang angerobi sira lan kawlasan, Kang maregi urnurma lan kadarman Wah ngenomake kakwatanira 3 Yehuwah paring adil lan karunya, Mring saliring wong kang kinuya-kuya, Saklangkung dennya apalimirma, Agung sabare lan sih kadarmannya Dennya duka ora ing salamanya Tan karsa nglanggengake bendhunya 4 De Pangeran langkung sarju ing galih Maringi pangaksama lan pangarih Mring wong kang mratobat trus ing ati Paniksane tan nimbangi dosaku, Sestu dhatan karsa amales aku Ing sabobote duraka mami 5 Sepira langit angungkuli bumi, Semono gungling sihe kang Masuci Mring wong kang nyaosi pangabekti Sepira dohe kulon saking timur lya semono dennya dosaningsun Ingedoh’ken saking awak mami 6 Kadya welasing bapa mring anaknya, Mengkono Allah dennya asih-mirma Mring wong kang nyaosi pangabekti De’ mirsa dumadiku saka apa, Sarta dhatan supe ing salaminya, Yen mung lebu kaananku iki 7 Kadya suket umure para jalma, Endahe lir kembang ing ara-ara, Kang asri ing warna nanging ringkih Mung kambah ing angin dyan wus tan ana, Hang endah arum miwah warnanya Tilas panggonane kongsi pangling 8 Ananging sih-kadarmane Yehuwah Awal akirnya dhatan ewah-ewah Ing atase para kang ngabekti, Wah paring adil mring anak putune Yeku kang netepi ing prasetyane, Anglakoni prentahe kang suci 9 Pangeran wus nyantosakken dampare Aneng swarga wah angelar krajane Nganti mengku samubarang wrata Eh pra mlaekat prawireng Pangeran, Kang mundi sasuraosing parentah, Padha ngluhurna Allah kang mulya 10 He sabala tantrane Allah samya Pra abdinya kang nglakoni karsanya Padha saosa puji mring Yuwah Eh, sakutu-kutu walang ataga Padha ngluhurna mring kang Mahakwasa Dhuh nyawaku ngluhurna mring Allah
|
|