1 Dhuh Allah kang ngadili kawula Tuwan mugi narimah ing pasambat Salebeting karupekan kula Tuwan kang paring omber mring kawula Mugi rentaha sih kawlasan Tuwan Ngantos myarsakaken pandonga kula 2 Pra priya nganti pira lawase Kluhuranku ‘nggone kawirangake Nganti pira lawase enggonmu Padha rumaket mring kang tanpa guna? Apa maneh nganti pira lawase Enggonmu padha angupaya cidra? 3 Padha sumurupa yen Yehuwah Miji wong siji dadi kekasihe Allah anjurungi yen daksebut Dadia ana srengenmu ya aja Gawe dosa, mosika ing atimu Ana ing paturon, sarta lerema 4 Nyaosna kurbaning kamursidan Sarta kumandela marang Yehuwah Kathah tiyang kang gadah pangucap “Sapa nuduhake begja mring aku?” Duh Allah, Tuwan mugi mletekaken Cahyaning wedana Tuwan mring kula 5 Tuwan paring bingah dhateng kula Langkung saking ingkang karaosaken Mring tyang kang angsal gandum lan anggur Kawula badhe leyeh-leyeh tilem Amargi, dhuh Yehuwah, namung Tuwan Kang manggenaken kula asantosa
|
|