1 He wong salumahing bumi Padha sumyaka memuji Lan ngabektia mring Allah Kambi ngidung klawan bungah 2 Hyang Ma’agung den anggepa Allah kang nitahken kita Kita umate kagungane Sarta menda ngen-ngenane 3 Mlebua mring gapuranya Klawan muji lan pirena Wah marang ing pasucene Klawan anggunggung asmane 4 De Pangeran asih darma Alanggeng sih kadarmannya Wah kasetyane tan kendhat Tan gingsir trus ing akerat
|
|