1 Yehuwah ajumeneng raja Salumahing bumi bungaha Pulo padha suka rena Mendhung lan pepeteng samya Dadi pangiring Allah Mratelakken pangwasanya 2 Geni mlaku dadi cecala Aneng ngarsane Allah kita Ngobongi sagung satrune Bledheg dadi pepadhange Ing sajagad, temah bumi Ningali sarta agiris 3 Gunung ajer prasasat malam Ana ing ngarsaning Pangeran Dene langit mratelakake Kaadilane Yehuwah Sarta saliring pra bangsa Padha weruh kluhurannya 4 Wiranga saliring manusa Kang padha ngabekti mring reca Sarta ingkang padha dhemen Anggunggung marang brahala Pra pangwasa tumungkula Lan sujuda mring Pangeran 5 Siyon sampun mireng wartosnya Temahan padha suka rena Para prawira abingah Saking kaleresan Tuwan Allah ingkang mahaluhur Munjuli para pangwasa 6 Eh, wong kang tresna marang Gusti Allah Padha sengita mring piala Allah mesti tansah ngreksa Nyawane para abdinya Kang padha diuwalake Sing tangane wong duraka 7 Padhanging Allah wus sumebar Mring wong kang lakune tan nasar Kabungahan mring wong temen Wong mursid padha bungaha Padha kidungna lan puji Asmaning Allah kang suci
|
|