1 Swawi sami anyaosaken Pangidung kasukan mring Hyang Sami sumyaka ngluhuraken Paranging kraharjaningwang Swawi methukken wedananya Klayan panggunggung lan puji Wah sumyaking pangidung masmur Konjuk mring Kang Mahasuci 2 Yehuwah Allah kang ma’luhur Dennnya ajumeneng Raja Kwasane saestu nglangkungi Ing sawarnining pra dewa Dene dalah telenge bumi Myang pucake sagung redi Miwah seganten lan daratan Sami wengkone Hyang Widi 3 Swawi sami tumungkul sujud Ajengken wonten ngarsanya Yehuwah ingkang murbeng jagad Inggih kang nitahken kita Awit punika Allah kita Kita umat ngen-ngenannya Menda reh-rehaning astane Sabdanya tinilingena
|
|