1 Endi wong kang dumunung Ana ing pangaubane Allah Amangon ing pangayomane Allah kang maha kawasa Iku panyebute mring Allah “Dhuh Gusti pangungsen kula Beteng kawula kang santosa Lan andel-andel kawula” 2 Pangeran nguwalken pra abdi Saka ing jireting germa Lan saka bladeraning bilai Kinemulan ing swiwinya Sarta padha nemu pangungsen Ana sangisoring lare Kasetyaning Allah kang dadi Tetameng lan tawingira 3 Sira masti dhatan kuwatir Mring pagiris wayah bengi Lan ora kwatir marang panah Kang lumepas wayah awan Mring pageblug kang anekani Ana ing panggonan peteng Tuwin marang bebaya pati Kang mbilaeni mring sira 4 Ing sandingmu ewon kang tiba Sarta leksan ing tengenmu Sira mesthi ora kecandak Lelakone mung kodeleng Dadine sira mung amawang Tumindaking pamalese Pangeran Allah mring wong ala Nging sira tansah kareksa 5 Dhuh Allah, Tuwan ingkang tansah Dados pangauban kula Kang Mahaluhur sira anggep Dadi pangayomanira Dadine ira mesthi dhatan Ketekan sagung bilai Sarta tan ana kasangsaran Kang nyedhaki tarubira 6 Marga Pangeran andawuhi Mring para malaekatnya Pinatah rumeksa mring sira Ing sadhengah dalanira Sira ditadhai astanya Supaya aja kesandhung Singa galak, ula bedhudhak Bakal sira idak-idak 7 Sarehne umaket mring Ingsun Amesthi Sunpitulungi Sunreksa aneng papan dhuwur Wit ngurmati Asmaningsun Saben nyebut mring Asmaningsun Amesti Sunsembadani Tuwin sajroning kasangsaran Mesthi tansah Sunrumati 8 Sajroning sagung krubedane Amesthi Sunentasake Sarta bakal Sunluhurake Sunwaregi umur dawa Sarta Sunparingi amukti Karahayon saka Ingsun Dhuh Allah, namung Tuwan pyambak Dados pangauban ulun
|
|