1 Dhuh Allah mugi myarsakken Lan mugi njurungana Dhateng pasambat kawula Wit kesrakat lan papa Nyawamba Tuwan reksa De mursid sedya kula Mugi kapitulungana Dhuh Gusti gendholan amba 2 Dhuh Allah mugi melasi De adreng sambat kula Kawula Tuwan paringi Bingah ing manah amba Nyawa kula, dhuh Gusti Tan pegat nganti-anti Dhateng Tuwan Allah amba Mila Tuwan tulungana 3 Agung kasaenan Tuwan De rena angaksama Langkung gung sih-kadarmannya Mring kang sami cilaka Tiyang kang nyebut Tuwan Sami kapitulungan Mugi Tuwan myartakaken Swaraning pasambat amba 4 Dinten kribedan kawula Mesthi sambat mring Gusti Wit tan wonten kang nyameni Tuwan kang nrimah puji Kang tumindak sadaya Nelakaken kwasanya Dene dhatan wonten Allah Anjawi Tuwan piyambak 5 Para umat kang tumitah Badhe sami asujud Sarta nyaosaken urmat Dhateng kang Mahasuci Tuwan pyambak maluhur Nindakaken mukjijat Denenamung Tuwan piyambak Allahipun para umat 6 Kula mugi Tuwan wulang Ndherek karsa Paduka Mlampaha ing margi Tuwan Angen-angen kawula Mugi dipun tunggilna Mring pangabekti nyata Manah amba katuntuna Ngluhuraken asma Tuwan 7 Dhuh Gusti, kawula nggunggung Asma Tuwan kang luhur Kanthi gumulonging manah Tansah kula luhurken Wit agung kadarmannya Lan sih Tuwan mring amba Karsa paring pitulungan Nyawamba kaentasaken 8 Tyang angkuh sami ngayoni Dhateng kula dhuh Allah Tiyang ambek ngroda ngangkah Dhateng nyawa kawula Nanging Tuwan mahawlas Asih, sabar lan setya Tuwan mugi ngudaneni Klayansih dhateng kang abdi 9 Kang abdi pinaringana Pangungsen kang santosa Anakipun abdi Tuwan Pinaringana tanda Ing sih Tuwan, supadya Wiranga satru amba Wit kawula tinulungan Ginanjar panglipur Tuwan
|
|