1 Yagene ta para bangsa Pada weringuten? Saliring angen-angennya Tansah tanpa guna 2 Yagene ta para raja Pada ambalela Lumawan marang Yehuwah Sarta jebadannya? 3 Pangucape: “Mara pada Amedot dadunge; Sarta pada ambuwanga Kendarate Allah” 4 Kang akadhaton neng swarga Wis mesti gumujeng; Pra kang nglawan dipoyoki Dening Kang Ma’ageng 5 Padha didhawuhi Allah Kalawan gung duka; Lan padha dirubuhake Kalawan bramatya 6 Dhawuhe’Allah kang kwasa “Sun jumeneng Ratu; Wakilingsun aneng Siyon, Ing gunung kang suci” 7 Kekancinganing Pangeran, Dhawuhe mring aku: Sira iku Putraningsun; Samangkin Sunyoga 8 Sira nagiha mring Ingsun, Mesti Sunjurungi; Bumi dadi darbekira: Saka Astaningsun 9 Pra bangsa sira ejura Klawan teken wesi; Lan padha sira remuka Lir grabahing kundi 10 Mulane he para raja Sumuyuda mring Hyang Klawan wedi; bungahira Dikanti gumeter 11 Kang Putra sungana ujung Murih aja duka; Aja kongsi padha tumpes Aneng dalanira 12 Rahayu sarupaning wong Kang mantep sumendhe Lan ngungsi marang kang Putra Pinuji Asmane
|
|