1 Dhuh Yehuwah kula ngungsi Dhateng ngarsa Paduka Sampun kawula kwirangan Ing salami-laminya Mugi pangadilan Tuwan Mitulungana amba Tuwan mugi nilingaken Lan ngluwari kawula 2 Tuwan mugi karsa paring Pangauban santosa Ingkang kenging kula damel Pangungsen salaminya Tuwan beteng lan peparang Inggih Allah kawula Saking tiyang duraka 3 Kang kawula antos-antos Namung Tuwan, dhuh Allah Awit Tuwan ingkang dados Andel-andel kawula Dene kawula sumendhe Mring Tuwan Allah amba Wit Tuwan pangungsen kula Wiwit lair kawula 4 Alit mila nggen kawula Memuji dhateng Tuwan Kathah tiyang sami eram Wit saking tulung Tuwan Cangkem kawula lubera Pamuji dhateng Tuwan Tuwan kawula luhurna Ing salami-laminya 5 Amba sampun Tuwan tilar Ing mangsa sepuh kula Icala karosan kula Tuwan paring santosa Dhuh Gusti Allah kawula Sampun ta Tuwan nebih Abdi Tuwan kang prihatos Enggal Tuwan tulungi 6 Tiyang kang nyetani amba Sadaya kawirangna Kang ngangkah bilai kula Mugi Tuwan tumpesa De pangaieng-ajeng kula Mantep saha santosa Tansah kula luhuraken Mring Tuwan Allah amba 7 Amba badhe ngluhuraken Sagung pitulung Tuwan Tansah badhe ngucapaken Eloking pangreh Tuwan Dene wiwit alit mila Kawula Tuwan tulung Ngantos sapriki kawula Nyriyosaken sih Tuwan 8 Tuwan sampun ngantos nilar Ingkang abdi kang sepuh Sageda nyariyosaken Pangreh Tuwan kang luhur Pundi wonten kang nyameni Tuwan, Allah kawula? Amba manggiha pakewed Tuwan kang paring gesang 9 Tuwan ngentasaken amba Sing telengipun bumi Saha kadrajatan amba Badhe Tuwan wewahi Ngantos kinepang panglipur Tentrem manah kawula Ngriku kawula memuji Asma Tuwan kang mulya
|
|