1 Dhuh Gusti Pamarta kula Kang mengku pejah gesang Kula sami kekempalan Sowan ing ngarsa Tuwan Kajat kula nyaosaken Saudhara kawula ingkang saweg tilar donya Pinecat nyawanira 2 Kula sami masrahaken Nyawanira mring Tuwan Mugi sageda tinrimah Manggiha karaharjan Arerema denya aso Mantun rekasanira Ayema denya sumare Ngantos benjing tanginya 3 Tuwan mugi sung panglipur Mring sanak kadangira Ingkang sarwi urun tangis Nguntapaken mayitnya Kang taksih wilujeng mugi Ginugaha ing driya Suminggaha saking dosa Slameta ngajalira
|
|