1 Dhuh nyawaku tumengaa Sumengkaa mring kamukten ing swarga Lir kukila umabura Ngaluhura Gustimu wus angantya 2 Donya lan sagung nikmatnya Wah srakatnya Ungkurna, dhuh atiku Anggayuha kanikmatan, kadrajatan Paringane Gustimu 3 Dhuh Pamarta Mugi nganthi nyawa mami Kairida mring swarga Dimen anglud para mukti Mangastuti Asma Tuwan Slaminya 4 Sagung girising antaka Lan cintraka Tuwan birat sadaya Mugi sung pangajeng-ajeng Wah pitajeng Ingkang trus ing wardaya 5 Kula Tuwan unggulaken Dadosaken mantep dugeng pungkasan Ngambaha jurang antaka tanpa taha Trus minggah ing kamulyan 6 Nyawa kula ngangen-angen Klayan kangen dhateng Tuwan Cumengklung Tuwan kang nebus kawula Nyawa kula sumangga Tuwan pulung 7 Iba gunging kanikmatan kadrajatan Myang kamuktening swarga Gadhangane pra tebusan Neng kamulyan Tan kenging winirasa 8 Dhuh Pamarta Mugi tampi nyawa mami Lumebweng katentreman Arerema ngajal kula Rahayua Neng patunggilan Tuwan
|
|