1 Nginggilnya kasa saiba padhangnya Tyang kang pitados sumendhe Gusti Ngriki gung ribed sedhih sangsaranya Ngrika gung ayem tentrem lan mukti Ngrika gung ayem tentrem lan mukti 2 Nginggilnya kasa saiba reremnya! Lamun sabarang mengeng winedhar Ngriki tyas mami Gung kodheng petengnya Ngrika gumawang dyan lipur lejar Ngrika gumawang dyan lipur lejar 3 Nginggilnya kasa saiba nikmatnya! Aneng wismanya Sang Rama adi Tyang kang kesrakat Mantun rekasanya Bala mlaekat methukken puji Bala mlaekat methukken puji 4 Nginggilnya kasa saiba rujuknya! Mantun sulaya, dredah, grejegan Manah gumolong Samya tut-tuntutnya Runtang-aruntung tresna tinresnan Runtang-aruntung tresna tinresnan
|
|