1 Tumengaa dhuh nyawaku Sinengkakna tyas mami Ingedohna saking dosa Tinunggilna lan Gusti Mugi wontena mlaekat Ngangkat manah kawula Sinanggia ing swiwinya Cinelakna ing swarga 2 Tumengaa, dhuh atiku Munggaha ing Golgota Mandenga ingkang sinalib Kang ngrembat dosanira Mugi wontena mlaekat Ngangkat manah kawula Sinanggia ing swiwinya Tinebihna s’king dosa 3 Tumengaa, dhuh nyawaku Lalia ing prihira Mundhak dina mundhak abot Kasusahan neng donya Mugi wontena mlaekat Ngangkat manah kawula Sinanggia ing swiwinya Sageda tansah rena 4 Tumengaa, dhuh atiku Mumbula saking donya Sumengkaa, sumengkaa Mring kraharjaning swarga Mugi wontena mlaekat Ngangkat manah kawula Sinanggia ing swiwinya Sinambuta mring swarga
|
|