1 Duwea swiwi aku gya mabur Nyang aluhur, nyang aluhur Nggone salir prihatin wis lebur Nyang aluhur, ngaluhur Mabur nyang swarga Kang endah mulya Nggone pra putrane Allah Samya tansah memuji lan sukarena Neng aluhur, ngaluhur 2 Ya sun mabur Mring nagri kang suci Nyang aluhur, nyang aluhur Nggone wong tansah enggar ing ati Nyang aluhur, ngaluhur Nggone tan ana nandhang sangsara Tan keneng godha, tan gawe dosa Tansah mukti agirang raharja Neng aluhur, ngaluhur 3 Kono tan ana wong pepisahan Neng aluhur, neng aluhur Miwah kang nangis lan kesusahan Nang aluhur, ngaluhur Tan ana crah miwah sesulayan Kabeh mung olah tresna-tinresnan Asih lulut dennya pitepungan Neng aluhur, ngaluhur 4 Lah pra mukti padha ngawe-awe Neng aluhur, neng ngaluhur Lah pra mlaekat memuji rame Nang aluhur, ngaluhur Gusti nimbali : bocah mareka Mara tak marek mring Sang Pamarta Dimen slamanya girang memuja Neng aluhur, ngaluhur
|
|