1 Aku kangen mring omahku Omahku kang ana ing swarga Ing panggonane para suci Kang aputih busananira Omahku neng swarga Aku kangen mring omahku Omahku, omahku neng swarga Omahku kang aneng swarga 2 Aku kangen mring pra mitra Pra mitra kang wus aneng swarga Kang memuji lan suka rena Wus tan eling sedhihing donya Pra mitra, neng swarga Aku kangen mring pra mitra Pra mitra, pra mitra neng swarga Pra mitra kang aneng swarga 3 Aku kangen mring Gustiku Gustiku kang ana ing swarga Kang nebus aku srana rahe Dencawisi omah kang mulya Gustiku neng swarga Aku kangen mring Gustiku Gustiku, Gustiku neng swarga Gustiku kang aneng swarga 4 Aku gya mulih nyang swarga Lakuku neng donya meh tutug Pra mitra kang wus aneng swarga Nganti-anti aku cumengklung Ulihku nyang swarga Aku gya mulih nyang swarga Ulihku, ulihku nyang swarga Nyang omahku aneng swarga
|
|