1 Amung godhong, lah ta adhuh Gusti nganti muwun Dene ngupados wohira Katemenan miwah tresna Nanging kang pinanggya Amung godhong, amung godhong 2 Amung godhong, adhuh lae Dhatan ana wohe Saiba ta bilainya Yen kadhawuhan supata Awit kang kadarbya Amung godhong, amung godhong 3 Amung godhong, dhuh bilai Yen ndhungkap ing janji Mari jamaning kawlasan Kari jaman pangadilan Mangka kang kawuryan Amung godhong, amung godhong 4 Mung godhong, mung kembang lambe Ujar tanpa gawe Kang sinebar gung kadarman Kang thukul mung kasaguhan Tembung-tembung lahan Amung godhong, amung godhong 5 Amung godhong, Gusti rawuh Mriksa kang tumuwuh Playunira menyang ngendi Lamun wohira mung dami Mung pakaning geni Amung godhong, amung godhong
|
|