1 Pundi kang najis tan kenging Mlebet dhateng swarga Tuwan tan sudi ningali Sabarang kang nista Nyuwun suci adhuh Gusti Nyuwun suci, nyuwun suci 2 Kang najis dhatan tinrimah Ngarsane Hyang Sukma Dhuh Gusti mugi karsaa Mbirat dosa kula 3 Pundi kang najis tan kenging Tepang klayan Gusti Dhuh Roh Allah, kula mugi Tuwan damel suci 4 Wit kang najis saged sirna Iba begja kula Rahe Gusti kang ngicalken Sakathahing dosa 5 Dhuh Gusti, mugi rah Tuwan Mbirat najis kula Kawula dadosa suci Dyan lumebweng swarga
|
|