1 Panyuwun lan pangalembana Ingkang trusing manah Konjuk mring kang maha wilasa Aneng pasamuwan Saking lubering piwlas Tuwan Tuwan karsa nrimah Pasambat lan pandonganipun Kang sarwa tumirah 2 Asma Tuwan den alembana Sepinten pintena Klepatan kula Tuwan karsa Ngapunten sadaya Rahayu tiyang kang piniji Umarek mring Tuwan Kang sarta klilan sami manggen Padaleman Tuwan 3 Ing ngriku kula kableberan Sih kawlasan Tuwan Ing ngriku kula kaesokan Salaming kaswargan Tuwan maringi kakuwatan Mring tiyang kang nglumpruk Anglejarken kaprihatosan Ing manah kang trenyuh 4 Dhuh andel andel pitulungan Ing sagung pra bangsa Purba wisesa lan Pangeran Ing alam sadaya Pangwasa Tuwan mengku bumi Dene pangreh Tuwan Tansah kawuryan mring pra jalmi Ing saenggen nggennya 5 Sih Tuwan angayomi kula Siyang klayan ratri Bumi rinoban ing berkahnya Tur anyarambahi Mring manungsa lan sato kewan Sagunging pra titah Sami den ingah dening Tuwan Ingkang mahamirah
|
|