1 Wonten ing bujana swarga Taksih langkung panggenan Angger tyang dosa mratobat Mesthi nggih sinuruhan Gusti ngutus pra abdinya Ngundangken ing sajagad Dhateng sawarnining jalma Kang miskin wah kang cacad : Rungokna neng swarga Isih luwih panggonan Wong dosa mareka, Sira kang sinuruhan 2 Tyang durjana kang sinalib Klangkung dennya nalangsa Anggetuni dosanira Sinungan pangaksama Malah winenganan swarga Ndherek Gusti mring Pirdus Mangkin saliring tyang dosa Ingundhangan pawartos : Rungokna neng swarga Isih luwih panggonan Wong dosa mareka, Sira kang sinuruhan 3 Mila daweg kanca kula Samya marek mring Gusti Kang tan nampik tiyang dosa Kang melik dados suci Sinten rumaos klepatan Wah kawratan ing dosa Anilingna Injilu’llah Bra ngumandhang asora : Rungokna neng swarga Isih luwih panggonan Wong dosa mareka, Sira kang sinuruhan
|
|