1 Kula sumrep kori menga Kang anjog dhateng swarga Yeku sih rahmate Allah Lantaran Sang Pamarta Sokur dene kula niki “Nggih taksih winengan kori Kula, kula, nggih kula lan dika 2 Angger tiyang angsal mlebet Medal ing kori niki Tiyang sugih, tiyang mlarat Tyang ageng alit ugi Sokur dene kula niki “Nggih taksih winengan kori Kula, kula, nggih kula lan dika 3 Mila dhaweg sami mlebet Mumpung taksih atalad Sedheng kori taksih menga ‘Nggih korining sih-rahmat Sokur dene kula niki “Nggih taksih winengan kori Kula, kula, nggih kula lan dika 4 Dhaweg sami manggul salib Andherek Sang Pamarta! Benjing sinungan makutha Gesang langgeng neng swarga Sokur dene kula niki “Nggih taksih winengan kori Kula, kula, nggih kula lan dika 5 Saiba pidhuwungipun Tiyang yen dugeng janji Kaineban kori tobat Tan wonten kang mengani Sokur dene kula niki “Nggih taksih winengan kori Kula, kula, nggih kula lan dika
|
|