1 Ana sabawa gumrubyug, Lir wong golongan kumrubut Gumrudug dennya peplayon Apa baya kang tinonton Ana kang ririh sumambung : Yesus Nasarani kang langkung Ana kang ririh sumambung Yesus Nasarani kang langkung 2 Sapa baya Yesus iku? Bok ya tutura mring aku, Dene’teka dentut-buri Ing wong ewon ngendi-endi Rame saure wong sagung : Yesus Nasarani kang langkung Ana kang ririh sumambung Yesus Nasarani kang langkung 3 Yesus yeku Sang Pamarta, Kang tumedhak saking swarga, Karsa pepara neng donya, Mitulungi wong cilaka, Mula giyake’ wong sagung: Yesus Nasarani alangkung Ana kang ririh sumambung Yesus Nasarani kang langkung 4 Wong lara sing ngendi-endi Umarek mring Kangjeng Gusti, Wong picak bisa andulu, Wong budheg sinung pangrungu Mula wrata dennya umyung : Yesus Nasarani alangkung Ana kang ririh sumambung Yesus Nasarani kang langkung 5 Eh wong kang kabotan dosa, Wong papa, wong kaniaya Ngungsia mring Sang Pamarta, Mesthi dentulungi uga, Aja randhat nyuwun tulung Yesus Nasarani mumpung langkung Ana kang ririh sumambung Yesus Nasarani kang langkung 6 Saiba bilainira, Lamun nampik kadarmannya Besuk Gusti yen wus tebih Sira nangis melas-asih Sambatira lan piduwung: Yesus Nasrani sampun langkung Ana kang ririh sumambung Yesus Nasarani kang langkung
|
|