1 Ayem neng Gusti Yesus Lerem aneng swarga Ingauban ing sihNya Iba ayemira Wonten swara ngumandhang Lir pendah pramukti Neng swarga samya ngidung Lan enggaring ati Ayem neng Gusti Yesus Lerem aneng swarga Ingauban ing sihNya Iba ayemira 2 Ayem neng Gusti Yesus Benjing aneng swarga Uwal saking rencana Kalis ing panggodha Tan sumelang tan kwatos Tan wonten panangis Susah samangke namung, Kantun sawetawis Ayem neng Gusti Yesus Lerem aneng swarga Ingauban ing sihNya Iba ayemira 3 Gusti pangungsen mami Wah Panebus yekti Tuwan parang santosa Kang kula gendholi Ngriki kula angantos Antos klayan sabar Ngantos puput dalunya Dyan padhang enjing byar Ayem neng Gusti Yesus Lerem aneng swarga Ingauban ing sihNya Iba ayemira
|
|