1 Gusti Pepadhanging jagad Nyumerepken margine Tyang ngupados karaharjan Ing donya ngakerate Gusti pyambak dados margi Kula manggih kraharjan Wonten alam donya ngriki Ndungkap jaman klanggengan 2 Gusti ingkang nglairaken Asmanipun kang murba Dados Bapake manungsa Rama kang wonten swarga Kang Ma’asih Mahamirah Pan sugih palimirma Dhateng sagunging pra umat Dhateng kula sadaya 3 Gusti Pepadhanging jagad Madhangken sagung jalmi Kang kepengin katarimah Dening Kang Mahasuci, Kinen tresna maring Allah, Ingkang trusing wardaya, Kinen tresna mring sesami Saminira sadaya 4 Tyang rumaos kelepatan Dhateng Kang Mahasuci Ajrih kenging bebendhune, Langkung peteng ing ati Nanging Gusti kang madhangi Dados Pangruwatipun Temahan tiyang pitados. Mesthi antuk apura 5 Saiba peteng manahe Tyang kang manggih cilaka Tan kwawi prihatinira Sambate: kaniaya Sareng pitados ing Gusti Tan kirang panglipure Kumandel piwlase Allah Dados padhang manahe 6 Mugi cahyaning pepadhang Kang mancur saking Gusti Nunten enggal sumrambaha Mring salumahing bumi Angicalna pepetenging Bodho miwah ing dosa Amadhangi tyang sadarum ‘Pami cahyaning surya 7 Kang mugi padhange Gusti Nyunari kula, tansah Ketawisa saking cipta Wah pikajenging manah Witne’ saking kalakuan Iba ta begja kula Yen ngambah margi kang padhang Suminggah saking piala !
|
|