1 Gusti nampeni tyang dosa Sareng kula rumaos Kathah kasalahan kula Gusti maringi usada Jejampining prihatos 2 Gusti tan nampik tyang dosa Dahat pangemanipun Ngantos tedhak maring donya Nglampahi papa cintaka Amrih kamukten kula 3 Gusti nimbali tyang dosa Anggugah manahira Kasuprih sami tobata Ing Allah ‘nggih Rama kula Angsala pangapura 4 Gusti nglelipur tyang dosa Awit dados margine Angsal kula pangapura Lelabeting sedanipun Nglabuhi mring umate 5 Gusti ngluwari tyang dosa Sami den-lepataken Saking paukumanira Wah den anyarken budinya Sestu den-sucekaken 6 Rahayu tiyang kang samya Katampen dening Gusti Pinaringan sih-nugraha Ing donya ngakeratira Cinadhang swarga adi
|
|